Eling Minongko Upoyo

“Eling minongko upoyo tan kawur Lan netepi paugeran witrahing jalmo”
Dzikir iku eling, wong eling iku kasinungan doyo.
Yen lali iku kinemulan beboyo
Wong eling iku ora kudu kuat, gagah, sugih, pinter, kondhang, nduwe panguwoso.
Eling mono biso ditemu lan kaasto tumraping wong ringkih, aking, mlarat, ndhelik, nisto
Yen wis kebacut kuat, gagah malah iso lali mergo kudu nglanggengake kuate, gagahe
Semono ugo kang wis kebacut kondhang opo maneh kebacut rumongso nduwe kuoso
Sak gedhe-gedhene buto pidekso yen lali iku sayektine ringkih
Ringkih awit kinemulan beboyo kang samsoyo ngremboko saben ndino
Sak jalmo kang eling lan waspodo iku prasasat digdoyo tanpo wilangan
Digdoyo kang tanpo wilangan sayekti iku satemah amung kagungane Gusti Allah
Mulo pintero anggone ngudi ing eling.
Anging eling mono kudu bobot dzikrullah
Mengko yen wis kadhung keblasuk, kedlarung
leno ing bungah kang rumongso koyo2 wis nemu suwargo,
sing paling nduwe bobot dudu bondho, dudu rupo, dudu sandhang, dudu brono. Sing paling nduwe bobot yoiku eling mring Gusti Pangeran
Pawongan mukti ing paran mesthi kangen mulih omah.
Ciloko yen dalan omahe lali, ugo lali ngalamat pisan, kelingane mung nate nduwe omah kepingin mulih nanging pedhot angen-angen lan cupet panggraitane.
Onone mung mrungsang nggresah tanpo nduwe wangsulan.
Mongko koyo opo bungahe yen banjur ono kang biso nuduhake dalan lan sangkan paran omahe uwong iku.
Mulo, sanadyan mung sadermo goresaning nilo kang awujud aksoro ono ing dluwang putih, anging aksoro iku rinonce dadi kalimah kalimah pepiling, ing babagan kang wus akeh dilaleake. Rakitaning aksoro mau dadi nduweni aji awit pepiling wis suwe datan digape lan banget dikangeni praptane. Monggo tansaho wasiatan ing becik lan kanthi sabar. Wasiatan iku iso ditampik saiki nanging biso ditompo ing tembe. Iso dibuwang saiki nanging biso dijumput ing mangkone. Pepiling kang datan kinanthi sabar prasasat wasiat tanpo ulat. Koyo dene geni tanpo dahono, koyo dene tlogo tanpo warih, koyo dene condro tanpo cahyo

‘INGAT’SEBAGAI UPAYA TIDAK KABUR DAN MENEGASKAN PAGAR FITRAHNYA MANUSIA
Dzikir itu ingat, orang ingat itu ditempati daya. Kalau lupa itu terselimuti bahaya. Orang ingat itu tidak harus kuat, gagah, kaya, pintar, terkenal, punya kuasa. Ingat itu bisa ditemukan dan terbawa pada orang yang lemah, miskin, melarat, tersembunyi, nista
Apabila sudah terlanjur kuat, gagah malah bisa lupa sebab merasa harus melanggengkan kuat dan gagahnya Begitu pula yang sudah terlanjur gilang gemilang apalagi terlanjur merasa punya kuasa. Sebesar-besarnya raksasa kokoh, jika lupa, itu sejatinya ringkih. Ringkih dikarenakan terselimuti bahaya yang makin subur mengembang setiap harinya. Hidupnya semakin merasa terancam dan makin mudah curiga kepada kiri kanan.

Seorang yang ingat dan waspada itu laksana memiliki kedigdayaan tanpa bilangan. Digdaya yang tanpa bilangan sejatinya itu hanya milik Gusti Allah. Maka pandailah kepada usaha menambah ingat. Yakni ingat yang harus dengan bobot dzikrullah.
Jika sudah terlanjur terperosok dan terkelabui. Lalai pada kegembiraan yang merasa seakan-akan telah menemukan surga, yang paling memiliki bobot bukan benda, bukan rupa, bukan sandang, bukan kekayaan.

Yang paling memiliki bobot yaitu yang ingat kepada Gusti Pangeran
Orang yang hebat di tanah rantau pasti akan rindu rumah. Celaka jika jalan ke rumahnya ia lupa, juga lupa lupa alamat, hanya ingat pernah punya rumah yang menampungnya ketika kecil. Ingin pulang tapi putus ingatan dan buntu perabaan. Adanya hanya gerah, resah tanpa punya percikan jawaban. Maka betapa akan bersyukurnya jika kemudian ada yang bisa menunjukkan jalan ingatan pada masa lalunya.
Dengan demikian, meski hanya berupa goresan tinta yang berujud aksara di atas kertas putih, tapi aksara itu terangkai menjadi kalimat pengingat, pada hal-hal yang pernah ada namun dilupakan. Rakitan aksara tadi menjadi wasiat sebab kenangan sudah lama ditinggal namun diam-diam sangat dirindukan kembali hadirnya. Mari senantiasa wasiat mewasiati pada kebajikan dengan sabar. Wasiat itu bisa ditolak sekarang namun bisa diterima di kemudian. Bisa dibuat sekarang namun bisa kembali dipungut kemudian. Pengingat yang tanpa disertai sabar ibarat wasiat buta. Ibarat api tanpa panas, bagai telaga tanpa air, laksana rembulan tanpa cahaya.

30 Agustus 2016 Majlis Gugurgunung ___________________________________________

Facebooktwittertumblr
Posted in Kembang Gunung.