KALONG

Mbiyen iku ing tanah Jowo ono lowo gedhe banget sing jenenge Kalong. Kalong iku saben wayah surup podho miber ngebaki langit bareng koyo lowo lowo cilik utowo kampret.

Kalong lan Kampret ing wayah Surup
Saiki kampret sing isih sok katon ngluru panguripan saben wayah surup. Kalong wis samsoyo musno, wanine metu ing wayah bengi. Iku wae wis longko tumon. Mangertiyo, mbiyen wong Jowo iku nduweni kaluwihan kang biso ngrumat lan ngramut kahanan.
Mulo akeh sato kewan kang podho betah lan pomah wani manggon ing tlatah gemah ripah iki tanpo samar. Nganti manungsone wis mulai kalong lan akeh sing dadi kampret, Kalong podho kalong lan sumingkir.

Ibere Kalong ing ndhuwure uwit
Facebooktwittertumblr
Posted in Kembang Gunung.