“KUPU KUNING”
A : Wonten ketamon tiyang setunggal malih, … Tiyang bar nyembelehi Babi
B : Iyo apik mas
A : Uambuneeee wangur jian ngeneg tenan
B : Piye iku?
A : Critane niku tiyang direwangi nglembur nyunduki Babi, mergo anake kedah daftar ulang mlebet SMA swasta. Njuk kulo sebut, ya Allah tiyang niki direwangi mambed Babi amargi kangge nyekapi kebutuhan keluarga nipun, nyuwun Panjenengan ndudohake gondonipun asli tiyang puniko, njuk wonten kupu2 alit kuning, ngiyup … Ambune malih sengir kupu njur wangi sak naliko.
B :Werdine kupu kuning iku opo mas?
C : Niku kupu alit, sing biasanipun ting wit johar. Werdi niku nopo nggih Mas ?
B : Werdi iku arti utowo jlentrehane
A : Mboten mangertos kulo Mas. Menawi ambune radi titen, sengir ngoten niko. Ada salah satu referensi dari hasil browsing, kedatangan kupu-kupu bisa juga pertanda datangnya para leluhur, atau nenek moyang, Mas
B : Kupu iku duwe lar, iso kanggo mabur, iso mabur nyedhak ing cahyo. Ugo iso miber nyerak ing kembang, nanging lar kupu klebu lar kang ringkih, getas, ora pengkuh. Ora biso dikasar, ugo ora iso keno banyu udan kakean. Kuning iku jarwane laku wening. Iku dipanjingke ing pawongan kang isih ing fase kegubet pikir. Intine kegubet pikirane dewe, rumongso iso njawab kabeh persoalan nganggo pikirane. Dadine malah samsoyo ruwet, mulo dianjurke supoyo laku wening. Kuning iku ora kudu kanggone wong sing dianggep bodho, malah perlambang kepandaian, intelektual. Awit kepandaian utowo kebodhohan podho2 iso ndadekake keruh.
A : Nyimak Mas, Mesakke pas niku taksih jawah, njuk kabotan olehe mabor
B : Mulo, paribasan wong iku dilambangke kupu, fitrahe becik lan cenderung tumindak ing kabecikan yoiku marek ing cahyo, obah karepe ugo apik mergo nyedhaki kembang, ngerti ibere kudu neng endi. Nanging kudu nglakoni ngalah ing kahanan awit lar isih ringkih kudu dijogo supoyo tetep iso mabur. Durung biso langsung nompo hudan gedhe sanadyan udan iku Rahmate Gusti. Wallahua’lam
Cathetan :
Ing kahanan ndunyo, manungso klebu awak iki kerep umuk karo suwiwine dewe. Rumongso iso mabur lan rumongso ngerti menyang endi kudune mabur, yoiku marek ing cahyo. Ugo rumongso ngerti kudu nyedhaki opo, yoiku kembang kang ngrekso madu. Mulo pangerten iku malah gampang kanggo ngremehake liyan. Ono uwong isih ringkih ora dibiantu malah di olo-olo njur disodhori ayat diweden-wedeni Neroko. Ora sadhar yen sing nyodhori ayat iku ugo durung mesthi ahli Suwargo. Wong liyo dianggep ora nduwe suwiwi (ora nduwe pangerten), ora iso mabur opo maneh cedhak karo cahyo. Iki teges wong kang ora gelem nglenggono ing kapasitas, yen sakjane ibere ugo isih ngiwo nengen ora tetep. Ono pawongan ketleyek uripe golek sandhang pangan kanthi nisto banjur diremehake, di ece, diolo-olo, ditudhuh ora yakin mring Pangeran, nanging yo ora nguruni opo-opo. Padhahal anggone nggolek butoh njangkepi urip iku kepekso nganggo srono kang nisto, awit ora ono kang apik tur resik sing gelem nompo. Mulo mbeleh Babi dilakoni angger iso mbayar sekolah anak lan biso nempur. Iso wae atine sayektine keronto-ronto ora lilo, mulo pamriksane Gusti Allah kang Moho Adil.
– Arsip Gugurgunung –