COKRO PUSTOKO DARYO

Pasemuan Pitoro, Pepunden, Leluhur, lan poro kadang kawah.

Hal-hal sing KEMUNGKINAN sering dirembug yoiku : ~ Ngolah temune kahanan ing dino kebangkitan ~ Njogo beboyo laut lan darat sing iso nganggo coro mageri utowo malah sisan menehi beboyo sing nyoto ~ Mbiantu poro Salik ~ Ngudhalke Kraton lan Brono ~ Lan ono beberapa agenda liyane

Kanggo iso tekan ing dino kebangkitan, kudu wis ono janmo pinilih lan pinunjul. Pilihan iki ora gampang lan waton memper nanging pancen kudu yekti memenuhi beberapa syarat. Syarat iku mbutuhake wektu suwe. Iso nganti atusan tahun. Iku penting kanggo nguji perjuangan sing dilakoni tenanan nganti tekan ing pati tanpo meruhi kasil sing paling dadi kekarepan.

Mulo amanah iku ora murah, kanggo oleh pawongan kang amanah tenan perlu wektu lan ujian sing dowo. Pawongan sing amanah, sing dianggep siap yoiku yen : 1. Ora gumun karo ndunyo nanging tresno lan saguh ngemong 2. Ora kaget karo kamulyam lan kamukten awit iku mung srono 3. Ora gampang kapusan ing kahanan 4. Ora ono sing diwedeni lan ditresnani kejobo Gusti Allah lan Rasulullah

Pawongan model iki wis ono, ora mung siji, cukup akeh nyebar ing gelaring Rat. Nanging durung diangkat mergo kurang syarat 1 sing paling angel, yoiku : 5. Ditresnani lan disengkuyung jaman, kang jaman iku diisi dening wong-wong sing oleh pituduh lan wis akeh jumlahe. Wong sing oleh pituduh iku saiki ugo wis ono nanging isih sethithik, samsoyo sethithik naliko sing pikoleh pituduh slenco ing laku. Tegese wegah mbuka dalan kanggo lakune kahanan anak turun, mergo keno lan kalah karo fitnah bumi sing menehi anggepan dene sing jeneng berjuang iku kudu weruh hasil.

Nganti tekan kapan wae ngenteni tekane 5 syarat iki, ora bakal rugi masio kudu nganggo wektu sing dowo lan mulur terus mergo akeh dienggo, gawe menehi pangerten mring wong-wong bodho lan cubluk kanggo tekan ing sadar lan lantip. Wong-wong bodho iku padahal ora oleh didoktrin, diwenehi pangerten-pangerten instan, nanging kudu sinau dewe, supoyo tinemu kesadarane dewe. Iso tinemu mergo pinter anggone moco, nglenggono, lan sumeleh. Onone kahanan kang digawe supoyo cupet mampet lan kopong kosong supoyo nyepetake sinau.

Ono sing sinaune cepet mergo fathonah, akale apik, cerdas. Pinter moco lan nindaake. Iki sithik jumlahe. Ono sing sinaune lumayan cepet nganggo pengalaman-pengalaman keliru banjur dadi luwih pinter, iki luwih akeh jumlahe tinimbang sing fathonah. Iku sinau coro tabligh lan sidiq. Kudu wani opo anane, wani mbenerke bab sing bener sanadyan seko wong liyo lan wani ngeliroake bab sing keliru sanadyan sing keliru awake dewe.

Akeh maneh sing kudu sinau seko nafsune, sing iki kudune butuh wektu suwe tur mulur terus mergo kebangeten rendhet anggone sinau, mung jumlahe akeh. Lan misale ono sing kudu diajak lan digemateni kanggo iso munggah bareng yo justru sing isih bodho lan cubluk iki. Sinaune ditemoake ing kahanan cupet, mampet, kopong, kosong, kapusan, gelo, getun, sumelang, sing yen kepepet lan sumeleh kepojok ing kahanan sambate mung karo Gusti Pangeran. Mulo kahanan cupet mau dalan kanggo cepet cedak karo Gusti Allah. Dadi iso oleh pituduh lan pitulungan.

Sing terakhir iku prasasat sinau dadi jujur (amiin) mergo isih urip nganggo coro ora jujur, supoyo dadi iso dipercoyo (amanah) sebab isih nyalah-gunaake kepercayaan, lan banjur yen wis amanah biso urip tentrem (amin) lan pepuntone antuk pangestune Gusti Allah (aamiin) mergo Gusti Allah ngijabahi lakune.

Sidiq, Amanah, Tabligh, Fathonah minongko sifat Rasul, mulo mengkone ora ono masyarakat sanadyan arupo masyarakat, onone utusan kang kudu ngabdi lan ngkhalifahi Bumi. Yen ono masyarakat sing koyo ngene, berarti masyarakat iku wis kinemulan pituduh, wis oleh hidayah agung. Yoiku masyarakat kang Mahdi ( kang diduduhi/pinaringan pituduh). Mulo yen masyarakat iki banjur ngangkat sawijining Imam, Imam iku kang diarani Imam Mahdi. Imame pawongan kang piwaneh hidayah.

Wong-wong sing wis memenuhi syarat 4 ing nduwur dewe mau kudu lilo sumeleh ing takdir yen umur ndunyone ora nyukupi kanggo ketekan masyarakat sing amanah lan kasinungan pituduh Gusti Allah.Yoiku masyarakat kang nduweni 4 syarat ing ngisor. Mulo mengko jiwone nggabung manjing ing sawijine janmo. Pengalaman-pengalaman dadi siji lan dadi cahyo kang ngurupke lakune janmo kang kepanjingan iku. Yen periode janmo sing iki tetep isih durung memenuhi syarat ke 5, kudu tutup laku maneh nggabung lan manjing ing janmo ing ngarepe maneh.

Manjing iku sinebar ing siklus imam ing waktu berkala, lan manjing ing salik-salik kang njogo paugeran imam nganti imam sabanjure supoyo tekane ing imam sabanjure ora kepedhot tarangan. Iku tak arani Cokro Pustoko Daryo.

05 OKTOBER 2016 | 4 Muharram 1438 H

Facebooktwittertumblr

Posted in Kembang Gunung.