Majlis Maiyah Ungaran. 29 Agustus pukul 10:42 ยท
Iku sawijining aji-aji kang pepuntone ugo gawe ngajeni awak dewe. Soyo akeh sing di ajeni, samsoyo akeh bab sing dadi aji (yo kahanan, yo pawongan, yo tumrap sepodho titah, kewan, tetanduran, polo lan wit2an, nganti tekan bab sing soyo alus koyo bungah, susah, cupet, jembar, ciut ombo, bombong, wirang, lsp).
Samsoyo akeh kang dadi aji ing ngendi wae ngadhepke rai, samsoyo saben lampah dadi laku aji. Awit saparan laku ketemu bab sing aji, enak utowo ra enak, gathuk utowo selak, lilo utowo kepekso. Saparan ketemu tansah ngajeni opo wae lan sopo wae, prasasat saparan ketemu tansah ngaji, ngaji kanggo ngerti lan luwih pinter anggone ngajeni ugo iso kawastanan nyajeni.
Urip tansah sesaji, supoyo ono urup. Urip tansah atur sajen, dudu cukup nyajeni upo, nanging tanpo nyajeni upoyo. Ora cukup nyajeni ketan, nanging tanpo nyajeni nganggo rumaketan, ora cukup nyajeni menyan, nanging tanpo nyajeni gondo rum kang gawe sumringahe liyan lan kahanan.